Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa "Bekal Ngadhepi Dinten Kiamat"



إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛


Innal hamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirugh wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusina wasyayyiati a’malina, mayyahdillaahu fala mudhillalah wamayyudlilfalah hadiyalah.

Asyhaduallailahaillallah wahdahula syarikallah waasyhaduanna muhammadan ‘abduhu warrasuuluh.

Allahumma shali ’ala Muhammad wa’ala alihi washahbihi ajma’in

Yaa ayyuhalladzina aamanuttaqullaha waqulu qaulansyadiida yuslikhlakum a’maalakum wayaghfirlakum dzunuubakum wamayyuti’illaha warasuulahu faqad faza fauzan ‘adziima

Yaa ayyuhalladzina amanuttaqullaha waltandzur nafsummaqaddamat lighat wattaqullah innallaha khabirumbimaa ta’maluun

Yaa ayyunnaas innakhalaqnaqummindzakariwwaunsa waja’alnaakumm su’ubawwaqabaila lita’arafu inna akramakum ‘indallahi atqakum

Yaa ayyuhalladzi naaamanuttaqullaha haqqa tuqaatih walatamuutunna illa waantummuslimuun.

Ingkang sepindah minangka pambukaning khutbah mangga sesarengan kita nyaosaken puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya sahingga ngantos  ing kesempatan Jum’at siang punika kita saged nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing dinten Jum’at punika saget katampi manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam tetepa kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘alaihiwassalam ingkang kita tengga syafaatipun fidiini wal akhirat,  Amiin. - 

"Bekal Ngadhepi Dinten Kiamat"

Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Pagesangan wonten alam donya punika ibaratipun kados penyeberangan ingkang dipun lewati dening tiyang-tiyang ingkang gesang, sedaya badhe nglewati ugi bakal ninggalaken saklajengipun badhe tumuju pagesangan ingkang sejatos. Allah SWT dadosaken donya punika panggenan amal lan akhirat panggenan kagem nampi piwalesanipun,  mangka sedaya tumindak badhe angsal piwalesan sinten tiyang ingkang amal utawi awon bakal dipun wales benjing wonten ing akhirat. Dinten piwalesan badhe dumugi lan punapa kemawon ingkang badhe dumugi saktemenipun caket wekdalipun. Ampun ngantos terlena kumenyaripun donya ingkang namung sementara punika, sahingga lalai saking pagesangan ingkang sejatos benjing wonten ing akhirat – 

Jamaah Jum'at Rahimakumullah, Kita kedhah emut bilih pati inggih punika satunggal perkawis ingkang mesti bakal dipunalami dening sedaya makhluk ingkang gesang wonten ing alam donya, pati bakalan misahaken saking keluarga, bandha donya, jabatan, pangkat lan sanes-sanesipun. Allah sampun paring firman bilih diantaranipun manungsa wonten ingkang bakal dipun paringi pitulungan ugi kabar sae, anamung wonten ugi manungsa ingkang ngraosaken sanget ajrih wekdal patinipun. Allah SWT nyebat keadaan tiyang-tiyang ingkang raos suka nalika seda wonten ing firmanipun :

تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلاَئِكَةُ أَلآتَخَافُوا وَلاَتَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنتُمْ تُوعَدُونَ . نَحْنُ أَوْلِيَاؤُكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي اْلأَخِرَةِ وَلَكُمْ فِيهَا مَاتَشْتَهِي أَنفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيهَا مَاتَدَّعُونَ
Malaikat nakal tumurun marang wong-wong mau kanthi ngendika : Aja padha wedi lan aja padha sedih, rasakna sukacita amarga swarga kang wis dijanjekake Allah marang kowe kabeh, Aku yaiku kang menehi pitulungan marang panguripan ing donya lan akhirat, ana ing sakjroning swarga kowe kabeh bakal oleh apa-apa kang kowe kabeh pengin lan bakal oleh kabeh apa panjalukmu” (Terjemah Qur’an Basa Jawa : Fushshilat: 30-31) - 

Saestu kita sedaya ngarep-arep bakal angsal kabar sukacita saking Malaikat Maut ingkang badhe nyabut nyawa kita, kerana mawi punika satunggaling tiyang badhe ngawali pagesangan ingkang sae wonten ing alam akhirat. Purwaning kanikmatan wonten ing alam kubur ugi sedaya kanikmatan saklajengipun badhe dipun alami wonten pagesangan ing akhirat, sedaya kautamaan punika badhe dipunraosaken dening tiyang-tiyang ingkang nyerahaken dirinipun dumateng Allah Ta’ala sahingga nampi ugi nglaksanakaken syariat-syariatipun, nggih punika tansah ikhlas anggenipun ngibadah ugi dherek mergi ingkang dipun tauladani dening panjenenganipun Rasulullah ugi ingkang dipun lampahi dening para ulama. Ananging sinten tiyang ingkang nyelisihi para ulama, ngingkari Allah ugi Rasulipun bakal ngrasakaken siksa ingkang sanget pedihipun, awit saking patinipun dumugi ing alam kubur saklajengipun wonten pagesangan ing akhirat bakal sengsara.

Kita kedah mangertos bilih pagesangan ing alam donya punika bakal wuwus kanthi dumuginipun dinten kebangkitan, sedaya manungsa wiwit saking pertama diciptakaken dumugi terakhiripun bakal dipun bangkitaken saking alam kuburipun bakal dipun kempalaken wonten ing padhang mahsyar. Saklajengipun pagesangan akhirat bakalan nyabang wonten kalih mergi nggih punika swarga utawi neraka, mangka ingkang kedadosan tumrap manungsa sampun kasebat wonten ing satunggaling firman :
كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا بِمَآأَسْلَفْتُمْ فِي اْلأَيَّامِ الْخَالِيَةِ
Mangan lan ngombe sira kabeh kanthi bungah amarga amal kang wis kowe kabeh amalke nalika dina-dina kang wis kelakon” (Terjemah Qur’an Basa Jawa Al-Haqqah: 24)
Anamung kedadosan sakwalikipun kagem para penduduk neraka, a’adzanallahu waiyyakum minannar (mugiya Allah ngedohaken kita sedaya saking siksa neraka), kados ingkang sampun kasebat wonten ing Al-Qur’an :
يَاحَسْرَتَى عَلَى مَافَرَّطتُ فِي جَنْبِ اللهِ وَإِن كُنتُ لَمِنَ السَّاخِرِينَ
Ageng sangat anggen kawula nyesel marang sedaya kelalaian kawula anggen (nindakaken kewajiban) dumateng Allah, ugi kawula rumiyin sanget termasuk tiyang-tiyang ingkang ngolok-olok (agamanipun Allah)” (Terjemah Qur’an Basa Jawa Az-Zumar: 56)
Akhiripun, mangga kita sami ngathah-ngathahi anggenipun nglampahi amal shaleh wonten pagesangan ingkang boten dangu punika, ampun ngantos kita sami dados tiyang ingkang gadhahi sifat sombong boten purun nampi perkawis-perkawis kang leres. Semanten ugi ampun ngantos kita ngutamakaken perkawis donya ugi nuruti nafsu sahingga wantun matur utawi ngamalaken agama tanpa bimbingan para ulama. Saktemenipun Allah sampun paring firman : “
فَأَمَّا مَن طَغَى . وَءَاثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا . فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَى . وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَى . فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَى
Wong-wong kang nglampaui bates lan luwih ngutamakake urip ing donya, mangka  saktemene neraka kang dadi panggonane, lan wong-wong kang wedi marang agenging Rabb lan nahan diri saka hawa nafsune, mangka saktemene swarga panggonane” (Terjemah Qur’an Basa Jawa An-Nazi’at: 37-41)
Mugi-mugi Allah Subhanahu wata’ala dadosaken kita sedaya dados hamba-hamba ingkang untung sahingga pantes angsal swarganipun lan dipun slametaken saking siksa geni neraka.



Khutbah Kedua :

           

اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ وَ كَفَرَ. وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ وَ حَبِيْبُهُ وَ خَلِيْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَ الْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الله اِتَّقُوْا الله وَ اعْلَمُوْا اَنَّ الله يُحِبُّ مَكَارِمَ الْأُمُوْرِ وَ يَكْرَهُ سَفَاسِفَهَا يُحِبُّ مِنْ عِبَادِهِ اَنْ يَّكُوْنُوْا فِى تَكْمِيْلِ اِسْلَامِهِ وَ اِيْمَانِهِ وَ اِنَّهُ لَا يَهْدِى الْقَوْمَ الْفَاسِقِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَ سَلَّمْتَ وَ بَارَكْتَ عَلَى اِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ وَ الْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ الْأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ